SUGENG RAWUH

Kamis, 21 April 2011

Gus Dur Syi'ir Qolbu

Astaghfirulloh robbal baroya
Astaghfirulloh minal khothoya
Robbi zidni 'ilman nafi'a
Wawa fiqni 'amalan sholikha.

Ya rosulalloh saalamun 'alaik
Ya rofi'asya niwad daroji
'atfata yaji rotal 'alami
Ya uhai laljudi wal karomi 2x

Ngawiti ingsun, ngalaras syi'iran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan 2x

Duh bolo konco, priyo wanito
Ojo mung ngaji syari'at bloko
Kur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine, bakal sangsoro 2x

Akeh kang apal, qur'an haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dhewe gak digateke
Yen esih kotor, ati akale 2x

Gampang ka bujuk, nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare dunyo
Iri lan meri sugieh tonggo
Mulo atine, peteng lan nisto 2x

Ayo sedulur, jo nglale ake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandel ake iman taukhide
Baguse sangu mulyo matine 2x

Kang aran sholeh, bagus atine
Kerono mapan sari 'ilmune
Laku toriqoh lan ma'rifate
Ugo hakikot, manjing rasane 2x

Alqur'an qodim, wahyu minulyo
Tanpo tinulis biso di woco
Iku wejangan guru waskito
Den tancep ake, ing njero dodo 2x

Kumantil ati, lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu'jijat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman 2x

Kelawan alloh, kang moho suci
Kudu rangkulan, rino lan wengi
Di tirakati, di riyadhoih
Dzikir lan suluk, jo nganti lali 2x

Uripe ayem, rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo snajan pas-pasan
Kabeh tinakdir saking pengeran 2x

Kelawan konco, dulur lan tonggo
Kang podho rukun ojo dak sio
Iku sunnaeh rosul kang mulyo
Nabi muhammad panutan kito 2x

Ayo nglakoni, sekabehane
Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto lahire
Ananging mulyo, maqom drajate 2x

Lamon palastro, ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadhang Alloh swarga manggone
Utuh mayite, ugo ulese 2x

Ya rosulalloh saalamun 'alaik
Ya rofi'asya niwad daroji
'atfata yaji rotal 'alami
Ya uhai laljudi wal karomi 2x


Videonya download di sini http://www.youtube.com/watch?v=8XOBQoIOuaA&feature=related

Tidak ada komentar: